Khutbah Pertama
اَلْحَمْدُ لله اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ فِيْ قَصَصِ الْأَوَّلِيْنَ عِبْرَةً لِلْآخِرِيْنَ، وَأَمَرَنَا بِالْجِهَادِ الْأَكْبَرِ وَهُوَ جِهَادُ النَّفْسِ لِنَيْلِ دَرَجَةِ الْمُتَّقِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، رَبُّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، إِمَامُ الْمُجَاهِدِيْنَ وَقُدْوَةُ الصَّالِحِيْنَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Para Rawuh, Jama’ah Jumat ingkang Minulya,
Monggo kita sami-sami tansah ningkataken raos takwa dhumateng Gusti Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang beja ing dunya dumugi akhirat. Amin.
Para sedherek ingkang dipun rahmati Allah,
Wonten ing saben jaman, satunggaling bangsa utawi umat dipun ukur kekiyatanipun sanes namung saking gagahing prajurit utawi canggihing teknologi. Kekiyatan ingkang sejati lair saking gegandhengan batos ingkang kiyat antawisipun pagesangan sakmenika kaliyan oyoting sejarah ingkang sampun kapengker. Bangsa ingkang ageng inggih menika bangsa ingkang mboten naté kesupen sinten sejatinipun piyambakipun, saking pundi asalipun, lan menapa warisan agung saking para leluhuripun.
Kita sesarengan tasik mirsani wonten media internet, gagahe bangsa Iran jagi martabatipun saking kangkanganipun bangsa penjajah: Israel. Bangsa Iran asalipun leluhur saking bangsa Persia. Kita saged kaca benggala dhumateng bangsa Persia ingkang gadhah sejarah ewonan taun. Kekiyatanipun thukul saking spirit perjuangan para pendhahulu ingkang dipun ugemi, saengga saged ngicalaken piyambakipun saking panindhesan.
Kadadosan Karbala ingkang nyerang kulawarga Nabi, utamane Sayyidina Husain, dados roh kasucèning perjuanganing bangsa Iran ingkang ora ana enteke. Dados dhasar panggulawenthah nglawan piala, nindhes, lan angkara murka penjajahan.
Pesan sejarah menika sejatosipun inggih DNA saking gerakan Rifaiyah ingkang dipun rintis déning panutan kita, Syaikhina wa Mursyidina Kiai Haji Ahmad Rifa’i. Perjuanganipun sanes wonten ing papan ingkang suwung, ananging madhangi umat dhumateng ruh ajaran Islam kangge nglawan kolonialisme lan kebodohan.
Kangge kita, pepiling sejarah menika ateges sanes ngugemi sifat jumud utawi mandheg, ananging nyerep energi perjuangan ingkang mboten lapuk déning wekdal. Pelajaran ingkang luhur saking nilai lan spirit perjuangan menika. Allah SWT sampun paring pepiling dumateng kita sedaya:
لَقَدْ كَانَ فِي قَصَصِهِمْ عِبْرَةٌ لِأُولِي الْأَلْبَابِ
“Saktemene ing dalem crita-critane para nabi lan umate iku ana piwulang kang gedhe tumrap wong-wong kang padha duwe akal.” (QS. Yusuf: 111)
Kisah perjuangan Syaikhina Kiai Ahmad Rifa’i inggih menika “Persia” kangge kita, sumbering inspirasi lan kekiyatan ingkang kedah terus kita pendhet saripatinipun, spiritipun.
Para Rawuh Jamaah Jumat ingkang Minulya,
Lajeng, kados pundi caranipun kita nglestantunaken warisan agung menika? Wonten setunggal metafora ingkang éndah sanget: ngukir ing nginggilipun séla, sanès nglukis ing nginggilipun toya. Nglukis ing nginggilipun toya menika gampil, ananging sekedhap tingal langsung ical, kabekta ombyaking jaman. Nanging ngukir ing nginggilipun séla, senadyan mbetahaken wekdal ingkang lami, ghirah ingkang tenanan, sabar, lan energi ingkang ageng, hasilipun bakal abadi lan dados tetenger sejarah.
Perjuangan Syaikhina Kiai Ahmad Rifa’i, kitab-kitab Tarajumahipun, lan ajaran-ajaranipun inggih menika ukiran abadi ing séla sejarah nusantara. Tugas kita minangka generasi panerus inggih menika nglajengaken ukiran menika. Ampun ngantos kita kagodha “nglukis ing toya”—gampil keseret tren, luntur jatidirinipun, lan isin kaliyan warisanipun piyambak.
Inti saking sedaya menika sejatosipun wonten ing konsep kemerdekaan sejati. Menapa ta merdika menika? Miturut Syaikhina, kemerdekaan sejati menika sanes namung bebas saking penjajah bangsa sanès, ananging bebas saking panjajahan ingkang langkung mbebayani, inggih menika panjajahan hawa nepsu, srakah (loba), kebodohan, kemalesan, lan ketergantungan dhumateng sakliyanipun Allah. Kados ingkang kaserat wonten ing nazham kitabipun Simbah:
أَنْتَ حُرٌّ مِمَّا لَهُ آئِسٌ … وَعَبْدٌ لِمَا أَنْتَ لَهُ طَامِعٌ
“Sira iku merdika saking barang kang sira putus pengarep-arepmu, lan sira dadi kawula tumrap barang kang banget sira arep-arep.”
Tegesipun, manungsa dados merdika nalika manahipun sampun mboten gumantung malih dhumateng peparing, panguwaos, utawi panyawangipun makhluk. Manahipun namung ngarep-arep anugerah saking Allah SWT. Kosok wangsulipun, manungsa bakal dados budak nalika piyambakipun dipun kuwasani déning raos thama’ utawi srakah dhumateng dunya.
Perjuangan paling ageng sanès nglawan musuh ingkang katingal, ananging nglawan musuh ingkang mboten katingal inggih menika hawa nepsu. Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring sabda:
رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ الْأَصْغَرِ إِلَى جِهَادِ الْأَكْبَرْ. قِيْلَ: وَمَا الْجِهَادُ الْأَكْبَرْ يَا رَسُوْلَ اللهِ؟ قَالَ: جِهَادُ النَّفْسِ
“Kita wus bali saka perang cilik tumuju perang gedhe. Para sahabat banjur matur: Menapa perang gedhé menika, dhuh Rasulullah? Panjenenganipun mangsuli: Perang nglawan hawa nepsu.” (HR. Al-Baihaqi)
Mila, wahai para sedherek, kekiyatan kita gumantung wonten ing sepinten kiyatipun kita nyepeng iman, spirit, nilai lan jatidiri Rifaiyah ingkang sampun diwarisaken kanthi luhur menika. Ampun ngantos kita rumaos ringkih utawi asor wonten ngarsane hawa nafsu, lan penjajah zaman. Allah SWT sampun paring jaminan:
وَلَا تَهِنُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَنْتُمُ الْأَعْلَوْنَ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
“Aja sira padha rumangsa apes lan aja padha sedhih, amarga satemene sira iku wong-wong kang paling dhuwur drajate, yen sira padha iman.” (QS. Ali ‘Imran: 139)
Pungkasanipun, kados kalam hikmah ingkang sampun diweling dening Murabbi Ruhina Syaikh Ahmad Rifa’i:
مَنْ أَشْرَقَتْ بِدَايَتُهُ، أَشْرَقَتْ نِهَايَتُهُ
“Sapa wonge kang kawitane becik (amarga dibangun ing pondasi kang kokoh), mula pungkasané uga bakal becil.”
Kawitan kita sampun dipun sunari déning perjuanganipun Syaikhina. Sakmenika, tugas kita kagem mesthekaken bilih mangsa ngajeng kita badhé langkung becik malih. Sumangga kita wiwiti saking sakmenika, kanthi raos bombong, tekun, lan keyakinan ingkang jangkep bilih sejarah, nilai, spiritipun Syaikh kedah kita jagi sunaripun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لِلهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْمَحْشَرِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيْمًا: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
اَللّٰهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُجَاهِدِيْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ اجْعَلْ بَلْدَتَنَا إِنْدُونِيْسِيَا بَلْدَةً طَيِّبَةً وَرَبٌّ غَفُوْرٌ
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ
Download file pdf: Khutbah Jumat: Jejak Sejarah, Spirit Kemerdekaan Sejati
Penulis: Ahmad Saifullah
Editor: Yusril Mahendra