Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
No Result
View All Result
Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
Home Kolom

Ngareksa Aksarane Urip

Ahmad Saifullah by Ahmad Saifullah
August 13, 2025
in Kolom
0
Ngareksa Aksarane Urip

Foto: Unsplash/Nik Shuliahin

0
SHARES
30
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

Dramatic Reading

Pardi: Kok koyok ngene abot sanggane/ Yen lagi dadi wong ora duwe/ Tak rewangi bendino/ nyambut gawe rekoso/Nanging kayane ra sepiro.

Partela: Opo sing dirasake Lek Par, sajake kok ngrentes banget.

Pardi: Urip pisan ojo digawe ruwet. Manungsa ibarat wayang, sak dermo nrimo titah Dalang. Misale dalang ngersaake wayang di deleh nang tong tok yo ra popo. Ananging Gusti gawe adegan supoyo jagade rame, lan ono lumakune ciptaan rupo makhluk.

Partela: janjane urip iku sesederhana ngono iku yo Lek, tapi iku kan garis besar kahuripan. Yen rinciane urip piyambak pripun Lek.

Pardi: Sakdurunge ngerti apa kuwi urip, luwih apik ngerti kenapa awak dewe urip.

Partela: Awak dewe ora iso milih diuripke nang ndi, kapan mulai urip, lan metu saking wong tua sopo? Blas awak dewe ora iso milih. Kabeh mau titah Gusti kang Murbeng Dumadi.

Pardi: nang kono aku ngrasakke bilih Gusti niku bener-bener dalang, sing duwe sifat innaka ala kulli syaiin qadir. Satuhune Allah kang Maha kuasa atas saben-saben perkara.

Partela: sakdurunge alam diciptakaake, opo disek Lek, kira-kira sing diciptaake?

Pardi: Sak ngertiku Nur Muhammad, sehingga lewat hadits Qudsi Gusti Allah berfirman: ora bakal wujud ciptaan alam semesta iki, menawa ora tak dadeake Nur Muhammad.

Partela: Menawa Nur Muhammad pertama kali sing didadeake Gusti Allah, maka Nur Muhammad niku bahan dasar penciptaan manungsa. Saiki tondo-tondo kahuripan iku opo wae Lek?

Pardi: yen coro sains, Pertama tondo kahuripan iku obah. Mergo yen meneng iku diarani mati. Ono obah tuwuh (tumbuh), tapi ora mlaku sehingga dijenengi nabati, atau jeneng liyone tumbuh-tumbuhan. Biso obah lan mlaku ikut ciri-cirine hewan. Ono maneh makhluk sing dikersake biso obah, tuwuh, lan biso mlaku alias pindah lan biso mikir, kedadeyan mengkono sing jenenge manungsa, mergo manungsa disandangi akal, hingga bisa mikir.

Qur’an iku kanggo manungsa, sehingga akeh kalam sing sifate ngajak mikir. Sandangan akal iki kudu dienggo terus sakdawane urip. Mergo anane akal iku termasuk aksara urip sing iso dadi tanda bedane manungsa lan hewan.

Partela: berarti uripe makhluk beda-beda ya. Ana sing sebatas gerak tumbuh, ana sing gerak berjalan, ana kedadeyan lengkap sampai iso mikir barang, sehingga duwe inisiatif, iso duwe kekarepan, iso golek solusi, mengkono iku akhire manungso sing dititipi tugas paling berat kalian Gusti, kongkon dadi khalifahe nang bumi.

Pardi: Ngono yo Par… terus kenopo yo Par, justru Gusti Allah ngarani menungso iku dloluman jahula (banget dlolime, lan banget bodone) mergo nompo tugas Kekhalifahan kuwi.

Partela: Terus sakliyane gerak, tandane makhluk urip opo maneh Lek?

Pardi: Sarana urip makhluk iku mangan. Termasuk manungso kan makhluk urip. Ono istilah ngene Uripe uwong iku sarana mangan, nanging aja urip mung arêp mangan. Mangan iku yo penting mergo jejegke wadag soko pangan, sehinggo bisa ngibadah maring Pangerane, lan bisa migunani tumrape liyan. Tapi mangan ojo sampe dadi tujuane urip. Bebas mangan opo wae sing penting halal, ana saripati pangan ingkang cocok kalian kebutuhan awak, lan elingo ojo keluwihen.

Wong nembe lair diarani bayi. Ora ujug-ujug dadi gede. Bisone gede mergo sarana mangan. Kelawan pangan manungsa bisa ngetoake energi. Saking energi muncul obah owahe getih, sel, nafas, bisa mikir, bisa usung-usung lan sapanunggalane.

Panganan iku ora sumadhiya ing ngarêpmu, kudu diupaya dhisik sarana ngêtokake daya, lan kêkuwataning awak lan pikiran. Dadi uwong iku: saking ênggone arêp mangan kudu tumandang dhisek, aja mung arêp mangane, tapi êmoh ngêtokake karkat (daya, energi), tata mangkono iku ora ana.

Partela: Wah tak rasake, lan tak angen-angen, koyo-koyo iki kuliah biologi sak semester.

Pardi: uripmu mok angen-angen lan mok piker, supoyo tindak lampahe dadi ilmu lan pelajaran. Tapi sing ati-ati, yen wis duwe ilmu, segera diamal, amargo saiki akeh wong do duwe ilmu tapi ora diamal. Pinter nanging keblinger. Lamon awakmu duwe Ilmu saitik sing paling penting diamal.

Partela: Lan kanti ikhlas.

Pardi: Menawa ikhlas niku anugrah saking Pangeran. Kita mung bisone usaha supaya ikhlas. Tapi tekane ikhlas tetep anugrah.

Partela: Tanda urip sanese opo maneh Lek?

Pardi: Urip kudu kangelan. Opo wae nang urip iku mesthi kangelan. Bayi dilairake Ibune yo kudu kangelan, sakit sing tanpa upomo. Bukti kangelane bayi utowo manungsa iku pas lair ora guyu, tapi nangis. Bayi kangelan mengkurep, terus kangelan, mrangkang, ajar ngadek, prembetan, nuli jangkah, mlaku lan mlayu. Menungso kedah tertib urut-urut kanti sabar nglewati samubarang kang angel lan kangelan. Ono pepatah sing unine: sopo sing ora ngrasaake kangelan belajar, mongko ora bakal ngrasaake nikmate ilmu.


Penulis: Ahmad Saefullah
Editor: Ahmad Zahid Ali

Tags: Dialog Bahasa JawaDramatic ReadingFilsafat HidupikhlasNilai MoralPardi dan PartelaPesan KehidupanRenungan IslamiTanda KehidupanTujuan Hidup
Previous Post

KH Ahmad Rifa’i: Ketika Buku Sejarah Tak Lagi Menyebut Namanya

Next Post

Sejarah Pramuka di Indonesia dan Peran KH Ahmad Rifa’i dalam Perjuangan Bangsa

Ahmad Saifullah

Ahmad Saifullah

Jurnalis Freelance

Next Post
Sejarah Pramuka di Indonesia dan Peran KH Ahmad Rifa’i dalam Perjuangan Bangsa

Sejarah Pramuka di Indonesia dan Peran KH Ahmad Rifa’i dalam Perjuangan Bangsa

  • Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rukun Islam Satu

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Sejarah Rifa’iyah dan Organisasi

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rifa’iyah Seragamkan Jadwal Ziarah Makam Masyayikh di Jalur Pantura

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
Rifa'iyah

Menjaga Tradisi, Menyongsong Masa Depan

Kategori

  • Bahtsul Masail
  • Berita
  • Cerpen
  • Keislaman
  • Khutbah
  • Kolom
  • Nadhom
  • Nasional
  • Sejarah
  • Tokoh
  • Video

Sejarah

  • Rifa’iyah
  • AMRI
  • UMRI
  • LFR
  • Baranusa

Informasi

  • Redaksi
  • Hubungi Kami
  • Visi Misi
  • Privacy Policy
  • Disclaimer
  • About
  • Advertise
  • Privacy & Policy
  • Contact

© 2025 Rifaiyah.or.id

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen

© 2025 Rifaiyah.or.id