Khutbah Pertama
اَلْحَمْدُ ِللهِ اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ اْلأَعْيَادَ مِنْ شَعَائِرِ اْلإِسْلاَمِ، وَجَعَلَهَا فُرْصَةً لِلتَّقَارُبِ وَالتَّرَاحُمِ بَيْنَ اْلأَنَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلاَمُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، خَاتَمُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَإِمَامُ الْمُتَّقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ، أَمَّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Artosipun: “He para tiyang ingkang sami iman, ajriha sira kabeh dhumateng Allah kelawan saestu-estuning wedi, lan aja pisan-pisan sira kabeh mati kajaba ana ing kawontenan Islam.”
Para Jamaah Idul Adha ingkang Minulya, Rahimakumullah.
Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan tanpa winates, langkung-langkung nikmat iman, Islam, saha kasarasan, satemah kita saged makempal ing papan ingkang mulya menika saperlu nindakaken Shalat Idul Adha 1446 Hijriyah kanthi wilujeng. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, kulawarga, para sahabat, saha sadaya umatipun ingkang tansah setya ndherek dhawuh lan tuladhanipun dumugi dinten kiyamat. Amin.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahilhamd.
Ing dinten riyaya Idul Adha menika, kita sami mengeti satunggaling prastawa agung ingkang kebak piwulang luhur, inggih menika kisah pangorbananipun Kanjeng Nabi Ibrahim AS saha putranipun, Nabi Ismail AS. Prastawa menika sanes namung babagan nyembelih kewan kurban, nanging ngemu makna ingkang langkung sae, mliginipun babagan ketaatan, keikhlasan, lan ingkang badhe kita pendhet hikmahipun ing wekdal menika, inggih menika bab saling percaya (saling mempercayai) antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra.
Kanyatanipun, kahanan ing jaman sakpunika asring kita manggihi bilih rasa saling percaya ing salebeting kaluwarga saya tipis. Jangankan saling percaya, kadhang kala kangge gesang rukun lan ayem tentrem kemawon kangelan. Padudon antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra, utawi sesami sedherek, dados pawartos ingkang lumrah. Menika tentu sanget mrihatinaken.
Para Rawuh ingkang dipun rahmati Allah,
Piwulang ageng saking kisah Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail inggih menika kados pundi kiyatipun dhasar saling percaya ingkang dipun bangun ing nginggilipun keimanan dhumateng Allah SWT. Nalika Kanjeng Nabi Ibrahim AS pikantuk dhawuh saking Allah SWT lumantar impen supados nyembelih putranipun ingkang paling dipun tresnani, Nabi Ismail AS, panjenenganipun boten lajeng tumindak tanpa ngrembag. Panjenenganipun ngendika dhumateng putranipun, kados ingkang kaserat wonten ing Al-Qur’an Surat As-Saffat ayat 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: “Mila nalika Ismail sampun dewasa lan saged mbiyantu (Ibrahim), Ibrahim ngendika: ‘He anakku, satemene aku weruh ana ing impen yen aku nyembelih awakmu. Mula coba pikiren, kepriye panemumu?'”
Cobi kita gatosaken, Kanjeng Nabi Ibrahim AS, sinaosa panjenenganipun utusan Allah lan dhawuh menika saking Allah, taksih nyuwun pamanggihipun Nabi Ismail AS. Menika nedahaken bilih wonten komunikasi ingkang sae lan rasa saling ngajeni. Lan kados pundi wangsulanipun Nabi Ismail AS?
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: “Ismail mangsuli: ‘Dhuh Bapakku, tindakna punapa ingkang kadhawuhaken (dening Allah) dhumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan badhe manggihi kula kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar.'”
Subhanallah! Wangsulan Nabi Ismail AS menika nedahaken ketaatan ingkang luar biasa, ingkang lair saking raos percaya ingkang sampurna dhumateng tiyang sepuhipun, lan langkung-langkung, iman ingkang kiyat dhumateng Allah SWT. Nabi Ismail pitados bilih tiyang sepuhipun, Nabi Ibrahim AS, minangka kekasih Allah, boten badhe nindakaken setunggaling prekawis ingkang cilaka tanpa dhasar dhawuh saking Allah. Lan Nabi Ibrahim AS ugi pitados bilih putranipun inggih tiyang ingkang shalih lan taat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kenging punapa raos saling percaya menika saged tuwuh subur ing kaluwarganipun Nabi Ibrahim AS? Jalaran ing kaluwarga kasebat sampun tumancep kanthi kiyat wiji-wiji keimanan dhumateng Allah SWT. Kados dawuhipun Rasulullah SAW:
كُلُّ مَوْلُوْدٍ يُوْلَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ، فَأَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أَوْ يُنَصِّرَانِهِ أَوْ يُمَجِّسَانِهِ
Artosipun: “Saben bayi lair kanthi kawontenan fitrah (suci, condhong marang Islam). Mila tiyang sepuhipun ingkang ndadosaken piyambakipun Yahudi, Nasrani, utawi Majusi.” (HR. Bukhari Muslim)
Hadist menika paring pitutur bilih tiyang sepuh gadhah peran ingkang wigatos sanget kangge mbentuk iman lan karakter putranipun. Pendidikan keluarga ingkang dipundhasari iman dhumateng Allah badhe nuwuhaken putra-putri ingkang taat, patuh, lan gadhah rasa percaya dhumateng tiyang sepuhipun. Ketaatan lare menika kedah dipunwiwiti saking pondhasi saling percaya.
Imam Al-Ghazali wonten ing kitabipun Ihya Ulumuddin ugi negesaken pentingipun ndhidhik lare wiwit alit kanthi piwulang agami lan akhlak mulya. Piyambakipun ngendika (ing antawisipun):
اِعْلَمْ أَنَّ الصَّبِيَّ أَمَانَةٌ عِنْدَ وَالِدَيْهِ، وَقَلْبُهُ الطَّاهِرُ جَوْهَرَةٌ نَفِيْسَةٌ سَاذَجَةٌ خَالِيَةٌ مِنْ كُلِّ نَقْشٍ وَصُوْرَةٍ، وَهُوَ قَابِلٌ لِكُلِّ مَا نُقِشَ، وَمَائِلٌ إِلَى كُلِّ مَا يُمَالُ بِهِ إِلَيْهِ، فَإِنْ عُوِّدَ الْخَيْرَ وَعُلِّمَهُ نَشَأَ عَلَيْهِ وَسَعِدَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، وَشَارَكَهُ فِي ثَوَابِهِ أَبَوَاهُ وَكُلُّ مُعَلِّمٍ وَمُؤَدِّبٍ، وَإِنْ عُوِّدَ الشَّرَّ وَأُهْمِلَ إِهْمَالَ الْبَهَائِمِ شَقِيَ وَهَلَكَ، وَكَانَ الْوِزْرُ فِي رُقْبَةِ الْقَيِّمِ عَلَيْهِ وَالْوَالِي لَهُ.
Artosipun (kurang langkung): “Sumurupa sira, bilih lare alit punika amanat kagem tiyang sepuhipun. Atinipun ingkang suci kados mutiara ingkang endah, resik saking gambar lan rupa. Piyambakipun saged nampi punapa kemawon ingkang dipunukir lan condhong dhateng punapa kemawon ingkang dipun arahaken. Menawi dipun biasakaken tumindak sae lan dipun wulang kabecikan, piyambakipun badhe tuwuh ing nginggilipun lan beja ing donya lan akhirat, lan tiyang sepuhipun sarta saben guru lan pendidikipun badhe ndherek angsal ganjaran. Nanging menawi dipun biasakaken tumindak awon lan dipun jaraken kados kewan, piyambakipun badhe cilaka lan risak, lan dosanipun dados tanggelan tiyang ingkang ngurus lan ngopeni.”
Pitutur saking Imam Al-Ghazali menika cetha sanget bilih tanggel jawab tiyang sepuh ageng sanget. Kanthi nandur iman ingkang kiyat, mbangun komunikasi ingkang sae, lan dados tuladha ingkang prayogi, Insya Allah raos saling percaya badhe tuwuh ing kaluwarga kita.
Para Jamaah Rahimakumullah,
Mila, lumantar Idul Adha menika, mangga kita sami introspeksi. Kados pundi kahanan kaluwarga kita piyambak-piyambak? Punapa raos saling percaya sampun kiyat? Punapa iman dhumateng Allah sampun dados dhasar ing saben lampah kita?
Menawi dereng, sumangga kita wiwiti saking dhiri pribadi lan kaluwarga. Kita tingkataken kualitas iman lan taqwa, kita jagi komunikasi ingkang harmonis, kita paring tuladha ingkang sae kangge putra-putri kita. Mugi-mugi, kanthi nuladhani semangat Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS, kita saged mbangun kaluwarga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah, ingkang dipenuhi rasa saling percaya lan ketaatan dhumateng Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ صَلَاةِ عيد الاَضْحَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ. فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
(QS. Al-Ahzab: 56)
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
اَللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
أَقِيْمُوا الصَّلاَةَ
Download file pdf: Khutbah Idul Adha: Nuladhani Kanjeng Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS
Penulis: Ahmad Saifullah
Editor: Yusril Mahendra