Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
No Result
View All Result
Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
Home Khutbah

Khutbah Jumat: Njagi Jati Diri lan Pusaka Luhur ing Zaman Modern

Ahmad Saifullah by Ahmad Saifullah
May 15, 2025
in Khutbah
0
Khutbah Jumat: Njagi Jati Diri lan Pusaka Luhur ing Zaman Modern
0
SHARES
71
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

Khutbah Awal

اَلْحَمْدُ ِللهِ  .اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ الإِيْمَانِ وَالإِسْلاَمِ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الأَنَامِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْعَلاَّمُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

Puji syukur mugi tansah konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan iman lan Islam. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, keluarga, saha sahabatipun ingkang minulya.

أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

Kula wasiat dhumateng pribadi kula piyambak lan dhumateng para jamaah sedaya, mangga kita sami ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Allah SWT ngendika ing Al-Qur’an Surat Ali Imran ayat 102: ”He para wong kang iman, sira padha wedia ing Allah kelawan sajatining wedi, lan aja pisan-pisan sira mati kajaba ing kahanan Islam.”

Para jamaah Jum’ah ingkang dirahmati Allah

Wonten kesempatan punika kawula ngemutaken dumateng kawula piyambak, lan mugi saged ngemutaken dumateng jamaah sedaya babagan wigatosipun ‘pusaka’. Pusaka ingkang paling utami sanes namung akik utawi keris, nanging ‘Maha Pusaka inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala, lajeng Kanjeng Nabi Muhammad SAW’. Utawa menawi firman lan sabdanipun saged dipirsani, dipahami wonten mushaf al-Qur’an, dan Hadist. Kesadaran babagan pusaka menika kedah kita bangun malih, amargi tiyang modern asring kesupen kaliyan babagan rohani lan perlambang.

Kita gesang ing zaman ingkang kathah tantangan. Kados ingkang dipun aturaken, kita ngalami ‘penjajahan’ ingkang wujudipun maneka warni, wiwit saking penjajahan militer, nilai, ilmu, budaya, pasar bebas, carane mikir, ngantos dumugi ‘penjajahan regulasi’. Penjajahan regulasi menika caranipun maling sanes nyolong arta, nanging ngewahi aturan supados ingkang kedahipun dados hak kita malah ical kanthi ‘sah’ miturut aturan ingkang sampun dipun rekayasa.

Cara mikir kita dipun rubah, SDM kita ingkang unggul saged dipun ‘bunuh’ utawi dipun ‘rampok’ lumantar regulasi ingkang nguntungaken pihak sanes. Kados riyen pas zaman penjajahan, amargi Londo Kafir kalah perang kalian Pangeran Diponegoro, sehingga kanggo nyingkiri karuwetan lan kerugian ngantos jutaan gulden, londo ngowahi taktik peperangan kelawan mupus derajate para tokoh, ulama, kiai, pahlawan, kelawan usaha punapa mawon ingkang ngrusak, antawisipun kelawan damel karya-karya fitnah, kados serat cebolek.

Para jamaah Jum’ah ingkang dirahmati Allah

Akhir-akhir niki katah wacana, kampanye saking warga negari Indonesia ingkang nganjurake Kabur aja Dulu artine warga Nagara krasa ora betah wonten bumi pertiwi amargi sagunging kahanan termasuk regulasi ingkang condong kangge kepentingan pihak-pihak tertentu mboten ngayomi dateng rakyatipun.

Kenyataan punika kagem piwulang kita sedaya, lumantar saking surita tuladha (ibrah) dateng perjuangan kepahlawanan Syaikh Ahmad Rifa’i. Piyambakipun sampun sekeco tumekaning tlatah haramain (Makkah – Madinah), ananging Mbah Rifa’i ten haramain mboten keranten semangat kabur aja dulu Piyambake ngudi kaweruh kanggo kamanfaatan lan penyadaran dateng rakyat Jawi bab wigatosipun kamardikan, Wigatosipun ibadah ingkang sajalan kaliyan syari’at Allah ingkang dipun dhawuhake.

Wonten kitab Syarikhul Iman Mbah Rifa’i ngendika:

“Alim shalih milih angger merdika”

Mbah Rifa’i piyambakipun boten kendhat semangatipun ngadhepi tantangan, sanajan kathah pawongan ingkang milih ngadoh saking perjuangan, kados kahanan generasi sakpunika ingkang patah semangat kelawan pralambang tagar kabur aja dulu.

Piyambakipun milih ngadhepi kahanan kanthi temen, sanadyan rekasa lan abot, boten dados alangan, awit samukawis punika kalebet kersaning Allah Ta’ala. Susah, seneng, lan cobaan punika bagianing urip manungsa. Kita sedaya kedah tansah ngupadi perjuangan kanthi ikhtiar lan sabar. Nalika mangsa rendheng, tetep berjuang, nandur kesadaran kagem masyarakat kanthi ilmu. Amargi ingkang kedah dipun tandur punika ingkang dados kabecikaning gesang manungsa.

Pramila, penting sanget kangge kita njagi jati diri. Menawi kita tiyang Jawi, nggih dadosa tiyang Jawi ingkang sae. Menawi kita tiyang Indonesia Rifaiyah, nggih dadosa tiyang Indonesia Rifaiyah ingkang sae, ingkang tawakkal, ikhtiar, lan sabar.

Kangge ngreksa jati diri lan pusaka, kita sedaya kedah ngiyataken gangsal pilar, inggih punika: 1) Rakyat, 2) Tentara utawi Aparat, 3) Kaum Pujangga/Intelektual, 4) Adat Budaya Karaton saha kabudayan ingkang tansah mekar, lan 5) Agami saha spiritualitas. Gangsal pilar punika kedah tansah linambaran kaimbangan.

Wonten ing Rifa’iyah, kabudayan ingkang medal saking ajaran agami kedah dipun uri-uri lan dipun lestantunaken lumantar ikhtiar sesarengan. Kados ta: pengajian, tahlilan, yasinan, barzanjian, gotong royong, silaturahmi, ziarah, kabalan, tirakat adat, genjringan, terbangan, muludan, rajaban, khaul, pondok pesantren, madrasah, lan majlis ta‘lim.

Sedaya punika wigati kangge nglestantunani lan ngreksa pusakaning nilai al-Qur’an lan Hadits ingkang dados pancering urip lan kabudayaning manungsa.

Kangge jagi punika sedaya, menungsa kedah gadah sifat ksatria. Ksatria menika tiyang ingkang tanggel jawab, wantun ngadhepi masalah, sanes kados tiyang ingkang ‘lempar batu sembunyi tangan’. Teknologi informasi (IT) saged ngirangi tatap muka, nanging jiwa ksatria kedah tetep wonten. Ampun ngantos kita dados bangsa ingkang kados sapi, ‘diperbudak, dikelui, dicocok irunge, dieret gerobak’. Kita sedaya kedah kados semut ireng, ingkang boten saged dipun jajah dening sinten kemawon. Sanajan alit, nanging rukun lan kekiyatanipun saged njalari boten nate punah. Satria nalika ngadhepi punapa kemawon, punika dados wujudipun ketakwaan kita sedaya dhumateng Allah Ta’ala.

Allah SWT ngendika ing QS. Al-Hujurat ayat 13

يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُم مِّن ذَكَرٍ وَأُنثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ.

“He para manungsa, saktemene Ingsun (Allah) nitahake sira kabeh saka lanang lan wadon, lan Ingsun ndadekake sira kabeh bangsa-bangsa lan suku-suku supaya sira padha kenal-minangenal. Saktemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ing ngarsane Allah yaiku wong kang paling taqwa. Saktemene Allah Maha Ngudaneni lan Maha Waspada.”

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.”

 

Khutbah Akhir

اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ

أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، عِبَادَ اللهِ، فِي هَذَا الزَّمَنِ الَّذِي كَثُرَتْ فِيْهِ الْفِتَنُ وَالنِّزَاعَاتُ، خَاصَّةً عَبْرَ وَسَائِلِ التَّوَاصُلِ الاِجْتِمَاعِيِّ، عَلَيْنَا أَنْ نَتَذَكَّرَ الْقِيَمَ النَّبِيْلَةَ كَـ الْفَوْزِ دُوْنَ إِذْلاَلِ الآخَرِيْنَ. وَلْتَكُنْ بَلْدَتُنَا، مَكَانًا لِلسَّكِيْنَةِ وَالطُّمَأْنِيْنَةِ، خَالِيًا مِنَ الْبَغْضَاءِ وَالْكَرَاهِيَةِ. عَلَيْنَا أَنْ نَنْفَتِحَ عَلَى التَّعَامُلِ مَعَ الْجَمِيْعِ، وَلَكِنْ لِتَكُنْ قِبْلَتُنَا إِبْدَاعُنَا الْخَاصُّ. يُمْكِنُنَا أَنْ نَسْتَقِيَ الْعِلْمَ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ، وَلَكِنْ لِتَنْمِيَةِ هُوِيَّتِنَا الْجَاوِيَّةِ وَالإِنْدُوْنِيْسِيَّةِ.

وَنَتَذَكَّرُ أَيْضًا مَفْهُوْمَ بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُوْرٌ. فَالْمِعْيَارُ الأَسَاسِيُّ لَيْسَ مُجَرَّدَ الرَّخَاءِ الْمَادِّيِّ، بَلْ الطَّيِّبَةُ أَوِ الْخَيْرُ. سَوَاءٌ كُنَّا أَغْنِيَاءَ أَمْ فُقَرَاءَ، فَالْمُهِمُّ أَنْ نَكُوْنَ طَيِّبِيْنَ. وَالأَهَمُّ مِنْ ذَلِكَ هُوَ رَبٌّ غَفُوْرٌ، اللهُ الَّذِي يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ. فَإِنَّ حُسْنَ الظَّنِّ بِاللهِ أَمْرٌ بَالِغُ الأَهَمِّيَّةِ.قال الله تعالى قُلْ يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اَسْرَفُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوْا مِنْ رَّحْمَةِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ جَمِيْعًا ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقَدْ قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: الْمُؤْمِنُ الْقَوِيُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ وَفِي كُلٍّ خَيْرٌ

نَسْأَلُ اللهَ تَعَالَى أَنْ يَجْعَلَنَا أَفْرَادًا أَقْوِيَاءَ الإِيْمَانِ، رَاسِخِي الْهُوِيَّةِ، مُحَافِظِيْنَ عَلَى التُّرَاثِ الْعَرِيْقِ الَّذِي وَرِثْنَاهُ عَنْ أَسْلاَفِنَا. وَكَمَا نَدْعُوْ فِي كُلِّ يَوْمٍ اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَ، نَرْجُوْ أَنْ يَهْدِيَنَا اللهُ دَائِمًا إِلَى الطَّرِيْقِ الْقَوِيْمِ. وَبِذِكْرِ يَا هَادِي، يَا مُبِيْنُ، نَسْأَلُهُ أَنْ يُبَيِّنَ لَنَا كُلَّ مَا هُوَ غَامِضٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. اَللَّهُمَّ اجْعَلْ بَلْدَتَنَا إِنْدُوْنِيْسِيَا آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً رَخَاءً وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Download file pdf: Khutbah Jumat: Njagi Jati Diri lan Pusaka Luhur ing Zaman Modern


Penulis: Ahmad Saifullah
Editor: Yusril Mahendra

Tags: khutbah jumatTarajumah
Previous Post

Meneladani Tokoh: Masyayikh Rifa’iyah Talun Pati

Next Post

Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

Ahmad Saifullah

Ahmad Saifullah

Jurnalis Freelance

Next Post
Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa'iyah

  • Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rukun Islam Satu

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rifa’iyah Seragamkan Jadwal Ziarah Makam Masyayikh di Jalur Pantura

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Ramadhan Warga Rifaiyah Jakarta di Masjid Baiturrahman

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
Rifa'iyah

Menjaga Tradisi, Menyongsong Masa Depan

Kategori

  • Bahtsul Masail
  • Berita
  • Cerpen
  • Keislaman
  • Khutbah
  • Kolom
  • Nadhom
  • Sejarah
  • Tokoh
  • Video

Sejarah

  • Rifa’iyah
  • AMRI
  • UMRI
  • LFR
  • Baranusa

Informasi

  • Redaksi
  • Hubungi Kami
  • Visi Misi
  • Privacy Policy
  • Disclaimer
  • About
  • Advertise
  • Privacy & Policy
  • Contact

© 2025 Rifaiyah.or.id

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen

© 2025 Rifaiyah.or.id