Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
No Result
View All Result
Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
Home Cerpen

Mas’ad dan Mbah Mad: Pesantren lan Peodhalisme

Tim Redaksi by Tim Redaksi
October 21, 2025
in Cerpen
0
Pesantren lan Peodhalisme

Para santri mencium tangan para kiai sebagai tanda hormat dan memohon doa restu, menggambarkan tradisi penuh adab dan ketawadhuan dalam lingkungan pesantren. (Tebuireng Online)

0
SHARES
61
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

“Peodal kuwi opo, Mbah?”

pitakon kuwi metu saka cangkemé cucu sepulang sekolah.

“Feodal? Lah kowe wis sekolah neng SMK Rifaiyah kok isih takon feodal kuwi opo, piye to donge iki?!”

Mbahé mesem-mesem karo rada nyentak, nganggo logat khasé wong tuwa sing seneng guyon.

“Hehe… nek diwulang ta, tak tinggal dolanan EpEp, Mbah,” jawabé si cucu sambil nggaruk sirah.

“Hooo dasar bocil EpEp! Bocil kematian!”

Mbahé ngelirik karo ngakak.

“Simbah kuwi uga gaul, lho! Simbah jaman now. Lah kok mendadak takon bab feodal, napa to?”

“Kae lho, Mbah… neng sosmed rame ana sing ngomong ‘Feodalisme Pesantren’. Aku yo dadi penasaran.”

Cucu nyengir, ora nyangka Simbahé ngerti topik sing lagi viral.

“Feodal, feodal! Iki sing geger kae, gara-gara kasusé Trans7 to?!”

Simbah banjur lungguh anteng, suwarané dadi luwih tenang.

“Yowes, ditelaah sek. Setahuku, sing disinggung kuwi soal hubungan santri karo kyai. Ana tayangan sing ngangkat gambar santri mbungkuk, ngesot, maringi amplop karo kyai. Terus dinarasi kaya babu ning omahé kyai sugih. Nah, iku sing nggawe para santri nesu. Soal kritik, yo perlu kanggo muhasabah, tapi nek nadané nyemooh, ora pantes. Masyarakat dadi panas, santri njaluk tabayun. Padahal wong-wongé wis rukun, nanging wong medsos isih rame wae, kaya ora ana gawean liyo.”

Cucu manggut-manggut, nanging matané isih bingung.

“Terus, Mbah, menawa dikaitke karo dawuhe Mbah Rifa’i sing disebut nang kitab Syarikhul Iman kae piye?”

Simbah banjur nembang alon:

“Mu’min bungkuk kasab nenandur ketelo,

iku luwih becik timbang bungkuk sebo ing wong olo.”

“Ngapunten, Mbah, aku ora apal.”

“Hooo… ra tau ngaji, ra tau melu AMRInan, ya ngene iki akibaté,” cecakaké Simbah karo mesem.

“Nah, maknané tembang kuwi, le… Santri sing ‘bungkuk’ iku tandha tawadhu’. Tegesé wong sing nyerahké diri karo guru kanthi niat nuntut ilmu kanggo taqwa marang Gusti Allah.

Kuwi sing diarani ‘kasab nenandur ketelo’ – nandur ilmu taqwa neng ati, nganggo sikap andhap asor. Iki luwih becik ketimbang wong sing bungkuk merga ndherek hawa nafsu, utawa nyembah marang wong sing ora bener.

Wong sing kaya ngono, meski pinter, malah gampang keblinger. Makane saiki akeh wong pinter nanging korupsi, merga ‘sebo ing wong olo’.” seba ing wong olo kuwi sejatine mental feodal.

“Dadi, pesantren ora feodal to, Mbah?”

“Yo kudu dipahami sek, le. Feodal kuwi opo, budaya pesantren kuwi kepiye, carané guru lan santri saling ngurmati piye. Ora bisa langsung diadili mung saka video sepuluh detik. Pesantren kuwi papan sinau adab, ora mung ilmu.”

Cucu mesem.

“La terus, Mbah, aku kudu sinau opo sek?”

“Yo sinau moco dhisik! Peodal kuwi dudu tunggalé padel, le!”

“Lha padel kuwi olahragane Davina Karamoy to, Mbah?”

Simbah kaget karo ngakak:

“Walah, kowe iki kok ngerti Davina Karamoy… wah gaul tenan! Tapi ojo gaul sing nggegirisi, le.”

Baru wae Simbah arep nerusaké guyoné, saka arah pawon metu Mbah Uti karo tatapan sengit, bibir nyipit, tangané nang pinggang.

“Heeemm!!”

“KABURRRR!!!”

Pesantren ora anti kritik. Kritik iku perlu kanggo introspeksi, nanging kudu nganggo adab lan ngerti konteksé. Kasus Trans7 dadi pelajaran bareng – yen ora kabeh sing katon neng layar, pas karo kasunyatané.


Penulis: Hikman Adli
Editor: Yusril Mahendra

Tags: CerpenfeodalismeMedia SosialpesantrenPondok Pesantrensantri
Previous Post

Memahami Tradisi Santri, Meluruskan Framing Media

Next Post

Sorogan: Metode Klasik yang Menyalakan Otak Modern

Tim Redaksi

Tim Redaksi

Next Post
Sorogan

Sorogan: Metode Klasik yang Menyalakan Otak Modern

Leave a Reply Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

  • Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Sejarah Rifa’iyah dan Organisasi

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rukun Islam Satu

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rifa’iyah Seragamkan Jadwal Ziarah Makam Masyayikh di Jalur Pantura

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
Rifa'iyah

Menjaga Tradisi, Menyongsong Masa Depan

Kategori

  • Bahtsul Masail
  • Berita
  • Cerpen
  • Keislaman
  • Khutbah
  • Kolom
  • Nadhom
  • Nasional
  • Sejarah
  • Tokoh
  • Video

Sejarah

  • Rifa’iyah
  • AMRI
  • UMRI
  • LFR
  • Baranusa

Informasi

  • Redaksi
  • Hubungi Kami
  • Visi Misi
  • Privacy Policy
  • Disclaimer
  • About
  • Advertise
  • Privacy & Policy
  • Contact

© 2025 Rifaiyah.or.id

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen

© 2025 Rifaiyah.or.id