Khutbah Pertama
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَاشْكُرُوا لِي وَلَا تَكْفُرُونِ
Para sederek, kaum muslimin, jamaah Jumat ingkang minulya.
Sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun paring kanugrahan tanpa wilangan, langkung-langkung nikmat iman lan Islam. Shalawat ugi salam Allah mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun benjang ing dinten kiyamat.
Khatib mboten kendhat-kendhat anggenipun wasiat, dumateng pribadi khatib piyambak lan dumateng para jamaah sedaya, mangga kita sami ningkataken takwa kita dumateng Allah, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun.
Hadirin ingkang dipunrahmati dening Allah.
Ing zaman sakpunika, zaman ingkang kebak pamer lan pacoban, kita asring ningali lumantar media sosial, tiyang-tiyang sami adu pangkat, adu kasugihan, lan adu kalungguhan. Wonten ingkang pamer plesiran ingkang mewah, bandha donya ingkang katah, saha lintunipun. Sedaya kala wau, menawi mboten kita sikapi kanthi ilmuning agami, saged nuwuhaken raos meri, drengki, lan raos “kalah” ing manah. Pungkasanipun, kita rumaos gesang kita tansah kirang lan nglalekaken nikmat ingkang sampun dipun paringaken dening Allah.
Pramila, penting sanget kita mangertosi malih, kados pundi hakikatipun syukur ingkang leres miturut tuntunan agami, khususipun miturut piwucalipun Syaikhuna wa Mursyiduna, Syaikh Ahmad Rifa’i Radhiyallahu ‘anhu.
Wonten ing kitabipun, Abyanal Hawaij, Syaikh Ahmad Rifa’i paring pitedah ingkang cetha sanget lumantar nadham (syair) babagan telung rukunipun syukur. Tembungipun mekaten:
تلَوْع فَرْكَارَا سمفُرنَانِيْ اِعْ الله شُكُوْرْ * كَعْ دِيْهِنْ عَورُهِ نِعْمَتي اللهِ تِنُوْتُوْر
صَحْ اِيْمَانَيْ لَنْ صَح عِبَادَتَيْ جُوْجُوْ * سَمَوَوْنَا عَكُوْنِيْ عَادِلْ لُوِه لُوْهوْر
كَفِنْدَوْ مُوْجِ لِسَانِيْ الْحَمْدُ لِلّٰهِ * كَفَعتلُوْا نِعْمَتىْ الله وُسْ وِنَارَهُ
اَيْكُوْ دِتِنْدَءَكنْ مَارَڠْ اللهِ فَرِنْتَهْ * نتفِى وَاجِبْ عَدَوْهِى دَوْسَا سَالَه
Para hadirin, nadham menika ngewrat tigang prekawis ingkang dados pathokanipun syukur:
Kaping Sepisan: Mangertosi nikmat Allah ingkang arupa sahnya iman lan ibadah.
Rukun syukur ingkang paling utami nggih menika ma’rifatun ni’mah. Sanes namung nikmat bandha, pangkat, utawi rupa, ananging nikmat ingkang paling agung inggih menika nikmatipun Iman ingkang sah lan nikmat dipun paringi kekiyatan kagem nindakaken taat lan ibadah. Menawi kita dipun paringi yuswa ingkang dangu nanging mboten kangge ibadah, dipun paringi bandha kathah nanging mboten kangge zakat lan shadaqah, menika sejatosipun sanes nikmat, nanging istidraj, umpan ingkang saged ndadosaken kufur lan cilaka.
Kaping Kalih: Mamuji kanti lisan, kelawan angucapaken Alhamdulillah.
Sasampunipun manah kita ngakeni bilih Iman menika nikmat paling agung, lajeng lisan kita ngucap “Alhamdulillah”. Niki minangka wujud pengakuan verbal, syukur ing tataran lisan.
Kaping Tiga: nglaksanaake kewajiban lan mungkur saking larangan Allah SWT.
Niki puncakipun syukur. Mboten cekap namung ing manah lan lisan. Syukur ingkang sejati kedah dipun wujudaken kanthi tumindak, inggih menika ngginakaken sedaya kanugrahan—awak, bandha, wekdal—kagem nindakaken sedaya printahipun Allah lan nebihi sedaya ingkang dipun larang. Niki ingkang dipun sebat syukur bil arkan utawi syukur kanthi perbuatan. Anggota badan kita, kita ginakaken kangge shalat, sanes kangge maksiat. Lisan kita, kita ginakaken kangge dzikir, sanes kangge ghibah.
Jamaah Jumat ingkang minulya.
Menawi kita sambungaken kalih piwucal ulama tasawuf, wonten tingkatan ingkang langkung inggil. Wonten istilah Syakir lan Syakur.
Syakir inggih menika tiyang ingkang syukur nalika nampi kanugrahan. Pikantuk rejeki, ngucap Alhamdulillah. Niki sae.
Nanging wonten tingkatan ingkang langkung luhur, inggih menika Syakur. Sinten menika Syakur?
الشَّكُورُ الَّذِي يَشْكُرُ عَلَى الْمَفْقُوْدِ
Syakur inggih menika tiyang ingkang saged syukur sanadyan nalika kelangan setunggalipun kanugrahan.
Tiyang ingkang Syakur menika syukuripun mboten gumantung malih kalih “punapa ingkang dipun tampi”, ananging gumantung dumateng “Sinten Ingkang Maha Paring”. Piyambakipun sadar, bilih Allah maringi nikmat menika ujian, lan Allah mendhet nikmat ugi minangka ujian. Dados, ing wekdal lapang utawi sempit, sugih utawi mlarat, manahipun tansah sumeleh, pasrah, lan syukur dumateng Allah. Piyambakipun ningali Sang Pemberi (Al-Mun’im), sanes namung pemberian (An-Ni’mah).
Pramila, mangga kita sami introspeksi. Sampun dumugi pundi tingkat syukur kita? Punapa kita taksih dados Syakir, ingkang syukuripun namung nalika pikantuk kanikmatan? Utawi kita sampun sami sinau dados Syakur, ingkang saged syukur ing sedaya kawontenan?
Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala paring pitedah lan taufik dumateng kita sedaya, supados kita saged dados kawulanipun ingkang ahli syukur ingkang sejati, miturut tuntunan Syaikh Ahmad Rifa’i, satemah kita slamet gesang ing donya lan akhirat. Amin ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَمَرَ بِالشُّكْرِ وَوَعَدَ عَلَيْهِ الْمَزِيدَ، وَنَهَى عَنِ الْكُفْرِ وَتَوَعَّدَ عَلَيْهِ بِالْعَذَابِ الشَّدِيدِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، شَهَادَةَ عَبْدٍ مُعْتَرِفٍ بِالتَّوْحِيدِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، أَفْضَلُ مَنْ شَكَرَ وَحَمِدَ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقَى وَالتَّسْدِيدِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ حَقِيقَةَ الشُّكْرِ لَا تَتَحَقَّقُ إِلَّا بِأُمُورٍ ثَلَاثَةٍ، كَمَا بَيَّنَ الْعُلَمَاءُ الرَّاسِخُونَ، وَمِنْهُمْ شَيْخُنَا أَحْمَدُ رِفَاعِيْ
أَوَّلُهَا: مَعْرِفَةُ النِّعْمَةِ بِالْقَلْبِ، وَأَنَّهَا مِنَ اللهِ وَحْدَهُ، وَأَنَّ أَعْظَمَ النِّعَمِ هِيَ نِعْمَةُ الْإِيمَانِ الصَّحِيحِ وَالتَّوْفِيقِ لِلطَّاعَةِ
وَثَانِيهَا: الثَّنَاءُ عَلَى الْمُنْعِمِ بِاللِّسَانِ، وَذَلِكَ بِقَوْلِ “الْحَمْدُ لِلَّهِ” وَغَيْرِهِ مِنْ أَلْفَاظِ الْحَمْدِ
وَثَالِثُهَا وَهُوَ الْأَهَمُّ: اسْتِعْمَالُ النِّعْمَةِ فِي طَاعَةِ اللهِ وَمَرْضَاتِهِ، وَذَلِكَ بِالْقِيَامِ بِالْوَاجِبَاتِ وَاجْتِنَابِ الْمُحَرَّمَاتِ. فَمَنْ فَعَلَ هَذَا فَقَدْ أَدَّى الشُّكْرَ بِقَلْبِهِ وَلِسَانِهِ وَجَوَارِحِهِ
قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
فَلْنَسْأَلِ اللهَ أَنْ يَجْعَلَنَا مِنَ الشَّاكِرِينَ لِآلَائِهِ، الصَّابِرِينَ عَلَى بَلَائِهِ، الْقَائِمِينَ بِحَقِّهِ
ثُمَّ صَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى نَبِيِّ الرَّحْمَةِ، فَقَدْ أَمَرَكُمُ اللَّهُ بِذَلِكَ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ أَعِنَّا عَلَى ذِكْرِكَ وَشُكْرِكَ وَحُسْنِ عِبَادَتِكَ
اللَّهُمَّ اجْعَلْنَا لِآلَائِكَ ذَاكِرِينَ، وَلِنَعْمَائِكَ شَاكِرِينَ، وَعَلَى قَضَائِكَ مِنَ الصَّابِرِينَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنَا
اللَّهُمَّ اجْعَلْ بَلَدَنَا هَذَا إِنْدُونِيسِيَا بَلْدَةً آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً، سَخَاءً رَخَاءً وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ. وَوَفِّقْ وُلَاةَ أُمُورِنَا وَعُلَمَاءَنَا لِمَا تُحِبُّ وَتَرْضَى، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ
عِبَادَ اللهِ، ﴿إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ﴾. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ، وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ. أَقِمِ الصَّلَاةَ
Download file pdf: Khutbah Jumat: Hakikat Syukur Miturut Piwucal KH. Ahmad Rifa’i ing Zaman Fitnah Medsos
Penulis: Ahmad Saifullah
Editor: Yusril Mahendra