Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
No Result
View All Result
Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
Home Khutbah

Khutbah Jumat: Nggegulang Zuhud – Donya Wonten Asto, Sanes Wonten Ing Telenging Kalbu

Tim Redaksi by Tim Redaksi
June 19, 2025
in Khutbah
0
Khutbah Jumat: Nggegulang Zuhud – Donya Wonten Asto, Sanes Wonten Ing Telenging Kalbu
0
SHARES
39
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

Khutbah Pertama

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Hadirin, jama’ah Jum’at ingkang minulyo,

Sumangga kita sami tansah ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun paring kanugrahan iman, Islam, saha kasarasan, saengga kita saged makempal nindakaken shalat Jum’at ing papan ingkang mulya menika. Shalawat saha salam Allah mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, kulawarga, sahabat, lan sedaya pendherekipun ingkang setya dumugi akhir zaman.

Khatib mboten kendhat-kendhatipun paring wasiat, mliginipun dhumateng pribadi khatib piyambak lan umumipun dhumateng para jama’ah sedaya, mangga kita sami ningkataken takwa dhumateng Allah kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Salah satunggaling wohipun takwa ingkang luhur inggih menika sikap zuhud.

Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,

Asring kita mireng tembung zuhud, ingkang kapendhet wonten ing manah kita inggih menika gambaran tiyang ingkang ngedohi donya babar pisan, ngagem busana ingkang lusuh, gesang ing salebeting kasangsaran, saha ngasingaken dhiri saking ramenipun pagesangan. Nanging, pemanggih ingkang kados mekaten sejatosipun tebih saking hakikat zuhud ingkang leres.

Zuhud sanes babagan nilaraken donya, ananging babagan kados pundi manah kita mboten “dipuntilar” dening donya ing salebeting lelampahan nuju dhumateng ridhanipun Allah Ta’ala. Para ulama, kalebet Syaikh KH. Ahmad Rifa’i, sampun paring pitedah ingkang cetha, bilih zuhud menika satunggaling tumindaking batos, satunggaling seni nggegulang manah supados donya tetep wonten ing genggeman asto, sanes ngantos ngratoni singgasana kalbu kita.

Dasaripun sedaya laku zuhud inggih menika ridha utawi lila legawa dhumateng sedaya katetepanipun Allah. Al-Fudail bin Iyad rahimahullah negesaken:

أَصْلُ الزُّهْدِ الرِّضَا عَنِ اللَّهِ تَعَالَى

Artosipun: “Prinsip dhasar zuhud inggih menika ridha dhumateng katetepanipun Allah Ta’ala.”

Kanthi sikap ridha menika, manahipun tiyang ingkang zahid (pelaku zuhud) mboten badhe ajur mumur nalika kelangan, lan mboten badhe gumedhe lan sombong nalika pikantuk kanikmatan. Menika selaras kaliyan firmanipun Allah wonten ing Surat al-Hadid ayat 23:

لِكَيْلَا تَأْسَوْا عَلَى مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوا بِمَا آتَاكُمْ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُورٍ

Artosipun: “(Supados) sira kabeh aja padha sedhih banget marang apa kang luput saka sira, lan aja padha bungah banget marang apa kang diparingake marang sira. Lan Allah iku ora remen marang saben wong kang sombong lan ngunggul-unggulake dhiri.” (QS. Al-Hadid: 23).

KH. Ahmad Rifa’i paring pralambang ingkang endah kangge zuhud, inggih menika “tapa ing dalem dunyo”. Artosipun, papan pertapanipun tiyang zahid sanes wonten ing guwa utawi wana, ananging ing tengah-tengahing kesibukan donya, kanthi njagi manah supados tetep anteng lan mboten kapincut dening gebyaripun.

Hadirin ingkang minulya,

Lajeng, saking pundi kita kedah miwiti? KH. Ahmad Rifa’i paring tuntunan praktis ingkang sinebat “Zuhud Wajib”. Menika pondasi ingkang kedah dipun gadhahi saben Muslim. Panjenenganipun paring definisi:

وَأَمَّا شَرْعًا بُغْضُ الدُّنْيَا عَلَى مَازَادَ عَلَى الْحَجَةِ الشَّرْعِيَّةِ

Artosipun: “Dene zuhud miturut syara’ yaiku sengit marang donya kang ngluwihi kabutuhan kang diwatesi syara’ (donya kang ora ana manfaate miturut hukum syara’).” (Rifa’i, Khusnul Mitholab, korasan 12).

Intinipun, Zuhud Wajib inggih menika mendhet kadonyan ingkang halal kanthi cekap kagem sangu ibadah, lan nilaraken babar pisan sedaya ingkang dipun haramaken dening Allah. Menika negesaken bilih zuhud sanes anti-dunya, ananging anti-maksiat. Sugih banda saged dados sarana zuhud menawi dipun ginakaken kangge taat, kosok wangsulipun, mlarat saged dados lawang hubbuddunya (tresna donya) menawi manahipun tansah ngarep-arep napa ingkang mboten dipun gadhahi ngantos kesupen dhumateng Allah.

Galanggang sejatosipun zuhud sanes ing busana utawi dhaharan, ananging wonten ing manah, angen-angen, lan kekajengan. Sufyan ats-Tsauri rahimahullah paring dawuh:

الزُّهْدُ فِي الدُّنْيَا هُوَ قَصْرُ الْأَمَلِ لَيْسَ بِأَكْلِ الْخَشِنِ وَلَا بِلَبْسِ الْغَلِيْظِ

Artosipun: “Zuhud ing donya iku nyekakake angen-angen, dudu mangan panganan kang kasar utawa nganggo sandhangan kang kasar.”

Puncakipun, zuhud inggih menika ngelihaken orientasi manah saking makhluk dhumateng Sang Khaliq. Kados dawuhipun Abu Bakar asy-Syibli rahimahullah:

الزُّهْدُ تَحْوِيلُ الْقَلْبِ مِنَ الْأَشْيَاءِ إِلَى رَبِّ الْأَشْيَاءِ

Artosipun: “Zuhud iku ngalihake condonging ati marang perkara, dumateng Pengeran Kang Maha Ngupakara.”

Jama’ah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Pramila, sumangga kita sami ningali zuhud sanes minangka beban, ananging minangka kamardikan. Kamardikan saking belenggunipun kekajengan ingkang tanpa wates, saking was-was kelangan, lan saking gumedhening panguwasan. Mangga kita wiwiti saking “Zuhud Wajib”: genggem kenceng donya ingkang halal kagem sangu ibadah, lan uculaken kanthi teges sedaya ingkang haram. Kanthi mekaten, kita saged nglampahi gesang ing donya, tanpa nate nglilani donya gesang wonten ing salebeting manah kita.

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dhumateng kita sedaya kangge saged nggegulang manah, dados hamba-hamba-Nipun ingkang zahid, ingkang tansah ridha lan pikantuk ridha-Nipun. Amin ya Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah Kedua

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَى. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيمًا كَثِيرًا

أَمَّا بَعْدُ… عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

ثُمَّ اعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ، فَقَالَ فِي مُحْكَمِ التَّنْزِيلِ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَاجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ

Download file pdf: Khutbah Jumat: Nggegulang Zuhud – Donya Wonten Asto, Sanes Wonten Ing Telenging Kalbu


Penulis: Ahmad Saifullah
Editor: Yusril Mahendra

Tags: KH. Ahmad Rifaikhutbah jumatZuhud
Previous Post

PW Rifa’iyah Jakarta Hadiri Dialog Ormas Islam Bahas Konflik Sosial dan Moderasi Beragama

Next Post

Moderasi Beragama Perspektif KH. Ahmad Rifa’i

Tim Redaksi

Tim Redaksi

Next Post
Moderasi Beragama Perspektif KH. Ahmad Rifa’i

Moderasi Beragama Perspektif KH. Ahmad Rifa'i

  • Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rukun Islam Satu

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rifa’iyah Seragamkan Jadwal Ziarah Makam Masyayikh di Jalur Pantura

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Ramadhan Warga Rifaiyah Jakarta di Masjid Baiturrahman

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
Rifa'iyah

Menjaga Tradisi, Menyongsong Masa Depan

Kategori

  • Bahtsul Masail
  • Berita
  • Cerpen
  • Keislaman
  • Khutbah
  • Kolom
  • Nadhom
  • Sejarah
  • Tokoh
  • Video

Sejarah

  • Rifa’iyah
  • AMRI
  • UMRI
  • LFR
  • Baranusa

Informasi

  • Redaksi
  • Hubungi Kami
  • Visi Misi
  • Privacy Policy
  • Disclaimer
  • About
  • Advertise
  • Privacy & Policy
  • Contact

© 2025 Rifaiyah.or.id

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen

© 2025 Rifaiyah.or.id