Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
No Result
View All Result
Rifa'iyah
No Result
View All Result
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen
Home Khutbah

Khutbah Jumat: Nguri-uri Rasa Syukur

Tim Redaksi by Tim Redaksi
May 22, 2025
in Khutbah
0
Khutbah Jumat: Nguri-uri Rasa Syukur
0
SHARES
85
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

Khutbah Pertama

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Para Sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Sumangga kita tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun paring kanugrahan iman lan Islam, saha pinten-pinten kanikmatan ingkang tanpa wilangan.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam, kulawarga, para sahabat, lan sedaya umatipun ingkang tansah setya tuhu nderekaken tuntunanipun ngantos dumugi akhir zaman.

Khatib mboten kendhat-kendhat paring wasiat dhumateng diri pribadi khatib piyambak lan dhumateng para jamaah sedaya, supados tansah ningkataken raos takwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi nindakaken sedaya perintah-Ipun lan nebihi sedaya awisan-Ipun.

Para Jamaah ingkang Minulya,

Menawi kita gatosaken, saben tiyang gesang punika sampun katetepaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala. Dados tiyang Islam, tiyang iman, dipun paringi margi gesang ingkang tinamtu, punika sedaya namung karana kersanipun Allah. Bilih kita dados tiyang Rifa’iyah (utawi nggadhahi identitas keagamaan tartamtu) punika sejatosipun namung kersanipun Allah semata. Kita mboten nggadhahi hak kagem milih sinten tiyang sepuh kita, lair wonten pundi, lan badhe nglampahi margi gesang kados pundi. Sedaya punika hak prerogatif Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Pramila, kados pundi sikap kita minangka tiyang ingkang iman? Inggih punika yakin lan rila (ridho) dhumateng sedaya qadha lan qadaripun Allah. Kados dawuhipun Allah ing Hadits Qudsi ingkang ugi ka-nukil dening KH. Ahmad Rifa’i wonten kitab Abyan Al-Khawaij:

.وَقَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ لَمْ يَرْضَ بِقَضَائِي وَلَمْ يَصْبِرْ عَلَى بَلَائِي وَلَمْ يَشْكُرْ عَلَى نَعْمَائِي فَلْيَخْرُجُ تَحْتَ السَمَائِي وَلْيَطْلُبْ رَبًّا سِوَائِي

Artosipun: “Nabi SAW paring sabda: Sinten tiyang ingkang mboten ridho dhumateng putusan-Ku, mboten sabar dhumateng pacoban-Ku, lan mboten syukur dhumateng nikmat-nikmat-Ku, mila sumangga piyambakipun medal saking ngandhap langit-Ku, lan sumangga pados Pangeran sanesipun.” (HR. Ath-Thabrani)

Salah satunggaling kanikmatan ageng ingkang kedah kita syukuri inggih punika dipun paringi gampil anggenipun mahami agami. Kados ingkang dipun tuladhakaken dening para ulama, kalebet KH. Ahmad Rifa’i, ingkang ngripta kitab-kitab kanthi basa ingkang gampil dipun mangertosi, malah awujud syair, supados para muridipun gampil anggenipun nampi lan ngamalaken ajaran Islam. Cara punika paring kemudahan lan kaendahan dumateng kita selaku muridipun lan bangsa Indonesia.

Para Hadirin ingkang Dipun Rahmati Allah,

Salajengipun, ingkang langkung wigatos inggih punika konsep ilmu nafi’ utawi ilmu ingkang manfaat. Ilmu punika sanes namung mangertosi, nanging ugi saged nuntun tumindak lan nambahi raos ajrih dhumateng Allah. KH. Ahmad Rifa’i ngendika:

.الْعِلْمُ اِدْرَكُ الشَّئِ بِحَقِيقَتِهِ

Artosipun:  “Ingkang dipun wastani ilmu inggih punika saestu-estunipun pandelengipun manah. Kangge manggihaken kawontenan setunggal perkawis kanthi saestu. Lan mangertosi ugi manahipun kanthi maksudipun (perkawis punika). (lajeng) Mboten nyulayani perkawis ingkang sampun dipun panggihaken (wau).”

Lajeng dipun tegesaken malih:

.الْعِلْمُ النَّافِعُ يَزِيدُ فِي خَوْفِكَ مِنَ اللهِ

Artosipun: “Ilmu ingkang manfaat punika nambahi raos ajrih panjenengan dhumateng Allah.”

Dados, ilmu ingkang saestu punika ingkang saged ndadosaken tiyang langkung caket dhumateng Allah, langkung taat, lan langkung ajrih nglampahi dosa. Menawi ilmu namung kathah nanging mboten paring pitedah lan mboten nambahi takwa, malah saged ndadosaken tiyang tebih saking Allah. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkat dipun kutib Mbah Rifa’i Riayah al-Himmah Juz 2:

.مَنْ ازْدَادَ عِلْمًا وَلَمْ يَزْدَدْ هُدًى لَمْ يَزْدَدْ مِنَ اللهِ إِلَّا بُعْدًا

Artosipun: “Sinten tiyang ingkang tambah ilmune nanging mboten tambah pitedahipun (takwanipun), mila piyambakipun namung tambah tebih saking Allah.” (HR. Ad-Dailami).

Allah SWT ugi sampun paring pepenget wonten ing Al-Qur’an Surat As-Shaff ayat 2-3:

ياَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا لِمَ تَقُوْلُوْنَ مَا لَا تَفْعَلُوْنَ كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللَّهِ أَنْ تَقُوْلُوْا مَا لَا تَفْعَلُوْنَ

Artosipun: “Dhuh para tiyang ingkang iman! Kenging punapa panjenengan ngucapaken setunggaling perkawis ingkang mboten panjenengan lampahi? (Punika) ageng sanget dipun bendoni ing ngarsanipun Allah menawi panjenengan ngucapaken punapa-punapa ingkang mboten panjenengan lampahi.”

Para Jamaah Rahimakumullah,

Sedaya kanikmatan ingkang dipun paringaken Allah punika kathah sanget, mboten saged kita etang setunggal-setunggal. Kados ingkang dipun ngendikakaken Allah SWT wonten ing Surat An-Nahl ayat 18:

.وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ

Artosipun: “Lan menawi panjenengan ngétang nikmatipun Allah, tamtu panjenengan mboten saged ngétang. Saestu, Allah punika Maha Pangapunten, Maha Asih.”

Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang tansah saget syukur dhumateng sedaya nikmatipun Allah, ridho dhumateng takdiripun, lan tansah ngupadi ilmu ingkang manfaat supados gesang kita langkung berkah lan diridhai dening Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah Kedua

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَى. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيمًا كَثِيرًا

.أَمَّا بَعْدُ: فَاتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى -عِبَادَ اللَّهِ- حَقَّ التَّقْوَى، وَاسْتَمْسِكُوا مِنَ الْإِسْلَامِ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقَى. وَاعْلَمُوا أَنَّ أَجْسَادَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى

.ثُمَّ اعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

.اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ

.اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ

.رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ، وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ

.أَقِمِ الصَّلَاةَ

 

Download file PDF: Khutbah Jumat: Nguri-uri Rasa Syukur 

Tags: khutbah jumatSyukurTakwa
Previous Post

Menyalakan Lentera Rifa’iyah: Warisan Hikmah dari Bahasa Jawa untuk Dunia

Next Post

Penjelasan Kitab Tasyrihatal Muhtaj 3: Macam-macam Jual Beli dalam Islam

Tim Redaksi

Tim Redaksi

Next Post
Penjelasan Kitab Tasyrihatal Muhtaj 3: Macam-macam Jual Beli dalam Islam

Penjelasan Kitab Tasyrihatal Muhtaj 3: Macam-macam Jual Beli dalam Islam

  • Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    Gus Sakho, Gemilang Prestasi di Al-Azhar, Suluh Inspirasi Generasi Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rukun Islam Satu

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Rifa’iyah Seragamkan Jadwal Ziarah Makam Masyayikh di Jalur Pantura

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Kembali ke Rumah: Ayo Mondok di Pesantren Rifa’iyah

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Ramadhan Warga Rifaiyah Jakarta di Masjid Baiturrahman

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
Rifa'iyah

Menjaga Tradisi, Menyongsong Masa Depan

Kategori

  • Bahtsul Masail
  • Berita
  • Cerpen
  • Keislaman
  • Khutbah
  • Kolom
  • Nadhom
  • Sejarah
  • Tokoh
  • Video

Sejarah

  • Rifa’iyah
  • AMRI
  • UMRI
  • LFR
  • Baranusa

Informasi

  • Redaksi
  • Hubungi Kami
  • Visi Misi
  • Privacy Policy
  • Disclaimer
  • About
  • Advertise
  • Privacy & Policy
  • Contact

© 2025 Rifaiyah.or.id

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
  • Login
  • Home
  • Berita
  • Nasional
  • Kolom
  • Nadhom
  • Tokoh
  • Bahtsul Masail
  • Khutbah
  • Sejarah
  • Video
  • Cerpen

© 2025 Rifaiyah.or.id